Minggu, 04 Agustus 2013

ONOK KOPI ANYAR

0 komentar




dino minggu Bendot dolan mertamu nang omahe Cumpring,trus disuguhi kopi. Jarene kopine enak tenan, Cumpring ngelem kopi gawenane dewe sing disuguhno nang Bendot. Bendot akhire nyruput kopi iku mau, soale penasaran karo rasane.

Bendot : "Iki kopi opo tho, kok rasane rodo kecut?"(ambek melek merem kadu mutah)

Cumpring : "Iku kopi istimewa, meh podo karo kopi luwak sing larang iku."

Bendot : "Woo ngono tho, kopi opo jenenge?"

Cumpring : "Kopi kucing, aku gawe dewe..."

Bendot : "Opo sebape kok dijenengno kopi kucing?"

Cumpring : "Soale diolah lewat kucing ndot,,, lek kopi luwak kopine dipangan luwak ndisik sak durunge diolah.lah lek kopi kucing iki dipakakno kucing disek sak durunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma polae aku gak nduwe luwak ambek ben gampang,mangkane  aku nggawe kucing ae."


Bendot : "lah emang onok kucing sing arep ambek  kopi toh pring?"

Cumpring : "Sak jane yow ora,gak onok kucing arep kopi iku.carane yo kopine tak gerus rodo kasar, trus tak campur iwak asin karo protolane empal sing wis mambu, mari ngono tak pakakno nang kucing e."

-Bendot mulai ngelek idu ambek wetenge wis mulai rodo mules,-

Bendot : "Terus piye proses e Pring?"

Cumpring : "Kopine kan metu bareng taek'e kucing, gerusan kopine mau disaring, dikumbah terus dipepe sampek garing, terus digiling maneh sampek alus. Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kopi kucing karya ku, wong yo durung onok sing tak suguhi kopi kucing iki sak durunge, aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu(ambek melet melet gak kolu)... Yo opo kiro kiro ndot, rasane?lek enak tak pekno maneh,ndek mburi sek kari sak wakul kopi loyo ngono kuwi"

Bendot : "Juangkrik tenaaann.... kowe Pring ...!!! Iki jenenge duduk kopi kucing,, tapi nek iki yo taek kucing jenenge!"

weroh Bendot ngamuk ambek ngadek,langsung ae Cumpring mencolot mlayu nang njobo.poale wero Cumpring mlayu,langsung ae Bendot njupuk sandale gawe dek balang no nang Cumpring ambek cerak cerik "Awas koen pring......!!!oio,ambek ojok lali balekno sandalku"




WKWKWKWKWKWKWKWK ;-)

Leave a Reply

Silahkan jika anda yang ingin komentar, namun tolong gunakan bahasa yang sopan,santun dan ber etika
SAY NO TO RASIS,DAN JUNJUNG TINGGI TOLERANSI