Kamis, 01 Agustus 2013

MORO MORO, "PLAK !!!"

0 komentar



 
Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Logawa jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an.
Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane.
Pokoke berwibawa, umure 50an. Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an, Ketokane mahasiswa.
Lha sak sue ne perjalanan kui, wong papat iku ngobrol macem-macem.
Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan banjur lampune mati, dhadhi petengan dhedhet banget.
Wong papat iku malih meneng kabeh.
Gak suweh moro-moro onok suoro pipi disun,terus mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin,
" Wah cen hebat arek wedhok sebelahku iki, isok njaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan??".
Singarek wedhok sebelahe yo mbatin pisan,
"Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun hahaha"
Lha banjur sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin pisan,
"Jangkrik asu,??, gak melu ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku wedi tah??, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah gak terimo aku".

Arek mahasiswa iku karo ngempet ngguyu melu mbatin pisan,
"Kapan maneh rek, isok ngaplok kolonel gak athik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe.whahahaha".


Funny Comments Pictures
AYO NGGUYUH MANEH REK ,WKWKKW

Leave a Reply

Silahkan jika anda yang ingin komentar, namun tolong gunakan bahasa yang sopan,santun dan ber etika
SAY NO TO RASIS,DAN JUNJUNG TINGGI TOLERANSI