Kamis, 01 Agustus 2013

JANGKRIK....TIBAKNE PITIK HOMO

0 komentar

Ceritane dek enggon ternak pitik.



Iki crita pitik-pitik ndik peternakane wak cumpring. Ndik kono onok 25 pitik babon karo situk pitik
jago, tapi wis ngurak, tuwo.



 Ndelok pitik jagone wis tuwo koyok ngono iku mau, sing mestine
wis gak isok diarepno isok nglakeni babon sing sak mono akehe, Mat Pithi mutusno tuku jago
situk maneh, sing jik enom.


Ndelok onok jago anyar, kathik jik enom, kabluk-ane mesti yo jik get, jago tuwo mau
rumangsa kalah saingan. Biasane isok numpak'i babon selawe, hare... Iki kok onok arek nom.
gak urung, babon-babon yo ngrubung jago enom mau, kepengin ngrasakno dilakeni. Jago tuwo
yo cemburu berat, guk !
Sopo gak mangkel, ndelok jago enom mau bolak-balik nyengklak babon-babon nganyeng mau
iku.
Jago tuwo nyidek'i jago enom. "Dik, masiyo awakmu jik gagah, yo ojok serakah opo-o. Mosok
babon selawe dipek kabeh, rek...."

Jago enom, sumbung, ngomong "Sak karepku tah, lek. Kate tak tumpak'i kabeh tah enggak, lak
opo jare aku, tah. Opo maneh sing cidek-cidek aku yo pitik-pitik wedok iku dewe. Maeng
mulo, tah, peno iku ojok loyo ngono. Pitik jago kok nyekuthuk koyok ngono, lik...",
jawabe sinis.
"Iyo ae awak-awak iki wis umur akeh, cung. Biyen opo-o jik enom. Wedok-an selawe iku sopo
sing numpak-i. Yok opo nek koen 15 aku sepuluh?" cobak nowo

"Gak isok, cak....."
"Wis, peno 20 aku limo ae", penjaluk-e jago tuwo memelas. Timbang enggak uman blas.
"Gak isok. Selawe iku aku kabeh...", pitik enom jumawa.
"Wis, aku 2 ae, peno sing 23", pitik tuwo tambah memelas.
"Gak isok ! aku kabeh pokok'eTitek !"
Pitik tuwo nelongso. Biasa numpak pitik selawe, sak iki siji-sijio ae gak kumanan babar blas.
Kabeh dipek jago enom.
"Wis ngene ae", jare jago tuwo. "Yok opo nek nganakno pertandingan. Sing menang oleh
numpak-i pitik 25 kabeh, sing kalah ngaplo. Yok opo"
. Pitik jago tuwo nantang.
Nantang ? Batine jago enom. Pitik wis loyo karek matek'e ae kathik ngejak pertandingan ?
Gak salah tah iki ?
"Ayo. Kate pertandingan opo, lek, tak ladeni"ambek sombong
"Mlayu !", jare pitik tuwo.
Mlayu ? Pitik tuwo koyok ngono iku ngejak balapan mlayu ? Wong mlaku ae wis srentengan ?
"Ayo !" jare pitek enom sesumbar
"Tapi aku njaluk syarat", jare jago tuwo.
"Opo syarate ?" pitek enom takon
"Aku lak wis tuwo, tah. Aku tak mlayu disik. Nek wis kacek 10 meter, kaet koen mulai
mlayu"
penjaluk'e pitik tuwo.
Cumak 10 meter ? Lha masiyo seket meter, tah, pasti isok tak uber. Ngono batine jago enom.
"Ya wis. Ayo !".


Pitik loro mau mulai ancang-ancang. Pitik tuwo mulai mlayu ndisik'i. Begitu kacek 10 meter,
pitik enom baru mulai mlayu. Tambah suwe jarak-e tambah cidhek. Pitik tuwo ambegane wis
senen-kemis, mlayu, tapi yo gak isok banter. Tambah suwe jarak antarane pitik tuwo mbarek
jago enom tambah cidhek.
Bareng karek sak meter maneh, ujug-ujug onok suwara bedhil "DwuorrR !".



Pitik enom njengkang
kenek bedhil manuk mau. Endase meh pecah keterjang timah pelurune bedhil manuk mau.
Kejet-kejet sedhela, terus mati. Kukut wis ! Sing nembak mau yo wak cumpring. Lho, ola opo ???
wak cumpring nyidek'ii bangkene pitik jago enom sing wis mati mau. Gak tambah ditulungi tah
yok opo, malah ditendang-tendang, mbarek misuh-misuh. "Pitik jangkrek. Wis ping sepuluh sak wulan iki aku mateni pitik. Angger-angger tuku mesti kliru pitik homo. Gak gelem
numpak'ii babonan cek ngendokan, malah nguber-uber pitik jago tuwo thok ! Dobol arane!"

wkwkwkwkwkwkwkwkwkwk

Animated Pictures Comments Pictures
SING SABAR YO


SUMBER TERKAIT POSTINGAN DIATAS 

Leave a Reply

Silahkan jika anda yang ingin komentar, namun tolong gunakan bahasa yang sopan,santun dan ber etika
SAY NO TO RASIS,DAN JUNJUNG TINGGI TOLERANSI